Minggu, 22 Januari 2012

PEPILING


yen wancine tansah dielingke
wus wancine pada nindakake
adzan wus kumandang wayahe sembahyang
netepi wajib dhawuhe pangeran
shalat dadi cagake agama
limang wektu kudu tansah dijaga
kanthi istiqomah lan sing tumakninah
luwih sampurna yen berjamaah
subuh luhur lan ashar
sholat sayekti ngedohake tindak munkar
magrib lan isya’ jangkepe
prayogane ditambah shalat sunate
jo sembrana iku prentah agama
ngeling ana neng donya mung sedela
sabar lan tawakal pasrah sing kuwasa
yen kepingin besuk munggah suwarga

0 komentar:

Posting Komentar