Minggu, 22 Januari 2012

PANGKUR


Wé lha kaé papané pêndhapané gêdhé
Sirapayoné kêncar-kêncar muncar padhangé
Dhasar padhang bulan                                              × 3
Akèh rowangé, nyawiji lair terus batiné

Mingkar- mingkuring angkara
Akarana karênan mardi siwi
Sinawung rêsmining kidung
Sinuba – sinukarta
Mrih krêtarta pakartining ngèlmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama agêming aji

Jinêjêr nèng Wedhatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yèn tan mikani rasa
Yêkti sêpi asêpa lir sêpah samun
Samangsané pakumpulan
Gonyak – ganyuk nglêlingsêmi


Nggugu karsaning priyangga
Nora nganggo pêparah lamun angling
Lumuh ingaran balilu
Ugêr guru alêman
Nanging janma ingkang wus wapadéng semu
Sinamun ing samudana
Sêsadon ingadu manis

0 komentar:

Posting Komentar