Kamis, 12 Januari 2012

PEPELING

Wis wancine tansah dielingke
Wis wancine pada nindakake
Adzan wus kumandang wayahe sembahyang
Netepi wajib dhawuhe pangeran


Shalat dadi cagake agama
Limang wektu kudu tansah dijaga
Kanthi istiqomah lan sing tumakninah
Luwih sampurna yen berjamaah


Subuh luhur lan ashar
Shalat sayekti ngedohake tindak munkar
Maghrib lan isya’ jangkepe
Prayogane ditambah shalat sunate


Ja sembrana iku prentah agama
Ngelingana ning donya mung sedela
Sabar lan tawakal pasrah sing kuwasa
Yen kepengin besuk munggah suwarga

0 komentar:

Posting Komentar