Kamis, 12 Januari 2012

AJA LAMIS

Aja sok gampang, Janji wong manis
Yen ta amung lamis
Becik aluwung, prasaja nimas
Ora agawe cuwa


Tansah ngugemi tresnamu wingi
Jebul amung lamis
Kaya ngenteni thukuling jamur
Ing mangsa ketiga


Aku iki prasasat lara tan antuk jampi
  Mbok aja amung lamis
  Kang uwis dadine banjur kikis


Akeh tuladha wong dhemen cidra
Uripe rekasa
Milih sawiji endi kang suci
Tanggung bisa mukti


                       








0 komentar:

Posting Komentar