Minggu, 22 Januari 2012

GEGAYUHAN LUHUR


Dening : tunggul pratonggo pati

Nalika aku lungguh, ing dhuwure watu gilang
Panyangku, adoh, nrawang
Bebasan bisa mabur, sesandingan lintang lan rembulan
Miyak keketing mega, nantang bagaskara
Ambyur ing jembare samudra,
Nggayuh gegayuhan kang luhur

Aku ngrumangsani..........
Yen gegayuhan luhur kuwi
Ora gampang kaya methik wohing ranti
Ora teko karepe dewe ora ceblok soko langit
Nanging......
Kudu gentur tapane lan kudu prihatine

Gegayuhan luhur kuwi....
Disranani nganggo sinau, sinau, sinau kalawan donga
Ora gampang melu ombyaking jaman
Ora gampang katut lamis, lan manising lathi
Sing bisa mupus tekat lan semangat ati

Duh gusti, kang maha Agung
Mugi-mugi sedaya gegayuhan kawula
Saged kasembadan

0 komentar:

Posting Komentar