Minggu, 22 Januari 2012

Time is coming.....!!


Siang saat bel jam istirahat berbunyi.... para pecinta Cafe favorite dibelakang indoor ramai memenuhi cafe kecil sekolah kami.  Disela-sela banyak siswa yang berjejalan, terselip kabar bahwa kami diundang untuk menjadi pengiring dalam perjalanan pulang RI 1, sunguh kabar yang tak kami sangka. Seketika itu pula, saat pulang sekolah kami langsung menuju ruang karawaitan untuk berlatih . Dengan waktu yang amat singkat kami semangat untuk berlatih. Demi penampilan maksimal kami berlatih setiap pulang sekolah. 2 hari yang melelahkan memang.
Tanggal  11 januari 2012 telah berganti dengan 13 januari 2012. TIME IS COMING.....!!!!

GEGAYUHAN LUHUR


Dening : tunggul pratonggo pati

Nalika aku lungguh, ing dhuwure watu gilang
Panyangku, adoh, nrawang
Bebasan bisa mabur, sesandingan lintang lan rembulan
Miyak keketing mega, nantang bagaskara
Ambyur ing jembare samudra,
Nggayuh gegayuhan kang luhur

PEPILING


yen wancine tansah dielingke
wus wancine pada nindakake
adzan wus kumandang wayahe sembahyang
netepi wajib dhawuhe pangeran
shalat dadi cagake agama
limang wektu kudu tansah dijaga
kanthi istiqomah lan sing tumakninah
luwih sampurna yen berjamaah
subuh luhur lan ashar
sholat sayekti ngedohake tindak munkar
magrib lan isya’ jangkepe
prayogane ditambah shalat sunate
jo sembrana iku prentah agama
ngeling ana neng donya mung sedela
sabar lan tawakal pasrah sing kuwasa
yen kepingin besuk munggah suwarga

RICIK-RICIK BANYUMASAN


Ricik kumricik gremise wus teka
Sadhela mening bapake tole wus teka
Nyong kaget aduh rika beta napa
Bungkus petak iku isi napa
Kiye gendhung leh oleh
Kang larang pitukone
Pinten pitukane kulo sagah sagah
Maesang lha gendung tanpa kena
Rika ojo bosen
E . . . tobil jebulane
Gambare calone kang mase

WANGSALAN


à witing klopo, kalopo kang masih muda
Salugune wong mardi pikir raharjo
àbarat madya, sri maha prabu pancala
Sun kepingin ngestu pada raja putra
àteja tirta, atmaja nata rahwana
Kekuwunge karya rujiting wardaya
àsaji siswa, arane basa nawala
Nadyan lamung nyalemong tanpa ukara
àtawas pita, kang lola kintir ing surya
Murweng gita karsa dalem sri narendra
àdewa tirta, wantahe amungu nendra
Prataruna pangkal lelabuh Negara

SARUNG JAGUNG


Sarung jagung abote kebacut tresna
Tak rewangi korban jiwa raga
Mlaku adoh tan gresula
Watone sesandingan agawe sengsem rasaku
Nadyan munggah gunung ora wegah
Watone tansah sumanding
Mung tansah iling sarung jagung
Abote kabotan tresna
Yen tan weruh sedina kaya setahun
Sarung jagung abot rasaku

PANGKUR


Wé lha kaé papané pêndhapané gêdhé
Sirapayoné kêncar-kêncar muncar padhangé
Dhasar padhang bulan                                              × 3
Akèh rowangé, nyawiji lair terus batiné

Mingkar- mingkuring angkara
Akarana karênan mardi siwi
Sinawung rêsmining kidung
Sinuba – sinukarta
Mrih krêtarta pakartining ngèlmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama agêming aji